B. Daerah

Pertanyaan

cerita anoman duta bahasa jawa

1 Jawaban

  • rteni bab kasebut kaget ana kethek putih banjur kesengsem. Anoman dielus-elus lan dipangku nganti Anoman mijil kamane lan ceblok ing pangkone Dewi Trijatha. Kama banjur diusapi dening Dewi Trijatha kanthi ron kamal lan dibuwang ing bengawan. Kama Anoman kang korut ing bengawan banjur diopeni Dewi Pratalawati (selir Prabu Dasamuka) ing Negara Guwa Pratala lan ing tembe dadi jabang bayi wujud wanara seta kang dijenengi Raden Triyangga.

    Kanthi pitolungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Shinta banjur menehake ali-ali saka Prabu Ramawijaya. Yen ali-ali kasebut ora sesek lan bisa diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar mratandhakake yen Dewi Shinta isih suci. Kabukten yen Dewi Shinta isih suci banjur menehake uga marang Anoman kanggo diaturake Prabu Rama susuk kondhe minangka pralambang yen Dewi Shinta ngenteno banget tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan kalawan Dewi Shinta dumadak kapriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid lan prajurite. Anoman digujer tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa menyang pasewakan. Printahe Dasamuka kang mangreteni bab kasebut, Anoman dicencang tangn lan sikile kanggo diobong. Tanpa diweruhi liyane, Togong, jelmaan Sang Hyang Antaga menehi Anoman banyu sacegukan kanthi kesepakatan yen omahe Togog dijaga saka anane bahaya.

    Prabu Dasamuka kang mimpin pembakarane Anoman nyumet geni ngobong kayu. Ora disangka-sangka dhuwure geni kasebut ora kasil mateni Anoman. Malah Anoman mabur kanthi nggawa geni neng awake. Geni kang digawa banjur diawut-awut neng pojok-pojoke praja nganti sanagara kobong kabeh. Akeh prajurit mati saka pangamuke Anoman. Sawise Ngalengka kobong Anoman banjur mulih saprelu sowan marang Prabu Ramawijaya ing Pancawati. Ing pinggirane segara kang misahake Ngalengka lan Pancawati, Anoman nemokake Raden Wibisana (adhine Prabu Dasamuka) kang semaput amarga dikepruk kangmase dhewe banjur diusadhani dening Anoman. Minangka rasa panuwune, Anoman diterake bali menyang Pancawati dening Wibisana. Sabanjure teka ing Pancawati Raden Wibisana diangkat dulur enom dening lan didadekake penasihat raja. Mengkone saka

Pertanyaan Lainnya